1.
Jenang gula, kowe aja lali
( jenang gula : gulali = lali )
2.
Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
( Sekar aren : dangu = dangu )
3.
Njanur gunung, kadingaren
( Janur gunung : Aren =
Kadingaren )
4.
Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan.
( Mbalung Klapa : Batok = Ethok –
ethok )
5.
Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang
wuyung
( Balung janur : Sada = usada )
6.
Reca kayu, goleka kaweruh rahayu
( Reca kayu : Golekan = goleka )
7.
Ngembang garut nggremeng ora karuwan
( kembang garut = gremeng =
nggremeng )
8.
Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.
( kembang kacang : besengut
= mbesengut )
9.
Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar.
( kembang jambu : karuk = kemaruk )
10.
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
( Roning mlinjo : so = ngaso ).
11.
Klapa mudha, yen kalegan paringa apura.
( klapa mudha : degan = kalegan )
12.
Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki.
( kembang gembili : seneng =
seneng-seneng )
13.
Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong
mudha gelem rekasa.
( witing klapa : glugu = salugune
)
14.
Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila
lebur luluh labuh praja
( memet tirta : Ngangsu, tirta
jawah jro katiga = labuh )
15.
Mbok aja nglemah bengkah
( Nglemah bengkah : tela =
nyela-nyela )
16.
Gayung sumur, aja kemba aja mundhu
( Gayung sumur : Timba = Kemba )
17.
Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe
( Pindhang lulang : Krecek =
Kacek )
18.
Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras
( godong garing : Klaras =
nglaras )
19.
Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka
( Balung geni : Mawa = Menawa )
20. Balung
pakel, aja seneng alok-alok
( Balung pakel : Pelok = alok –
alok )
21.
Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung
( Bayem arda : Lanteng = anteng )
22. Kuku
gantung, sawangan kang adi luhung
( Kukus gantung : sawang = sawangan )
23. Durna
putra, ngudiya basa utama
( Durna putra : aswatan = ngudiya
)
24. Bibis
tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya
( bibis tasik : undur – undur )
( Tasik manda winor tirta : Parem
)
25. Tapas
aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama
( Tapas aren : duk )
( Aren arab wijilira : Kurma )
26. Kancing
gelung munggweng dadha, titenana!
( Kancing gelung : Peniti =
Titenana )
27. Yen ora
nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.
( mentil kacang : sungut =
mrengut )
28. Mung
pingin nggentha dara
( nggentha dara : sawangan =
nyawang )
29. Kahananmu
saiki, jan..mandan rawa
( Mandan rawa : wlingi =
mangklingi )
30. Cipta
arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika
( Cipta arda : nepsu, ardhaning
tyas mring sasama = ambek )
0 komentar:
Posting Komentar